Rabu, 09 Oktober 2013

BERSIH DESA KANTHI PAGELARAN RINGGIT

Diposting oleh Risa Puspitarini Sabandi di 13.06
Jumat, 04 January 2013 | 20:33 WIB Klaten, Jawa Tengah, www.jogjatv.tv - Minangka rerangkening upacara bersih desa, warga Desa Kwaren, Kecamatan Ngawen Klaten Jawa Tengah, ngadani pagelaran ringgit purwa sedinten sedalu. Mapan dhateng salah satunggal griyanipun, pagelaran ringgit purwa kasebat dipun tindakaken dening dhalang Ki Sujiyo lan Ki Kasim Purwo Warsito. Asih salah satunggaling panitia mratelakaken, kridha punika kejawi minangka pratelan raos syukur dhateng ngarsaning gusti, ugi kangge nggugah greget kamanunggalan ing antawisipun warga masyarakat lan nglestantunaken kagunan seni budaya. Miturut Asih, pagelaran ringgit purwa boten namung minangka tontonan kemawon, nanging ingkang dipun andharaken dening dhalang ugi saged dados tuntunan minangka patuladhan.



0 komentar:

Posting Komentar

 

The Dark Puspita Template by Ipietoon Blogger Template | Gadget Review