Rabu, 09 Oktober 2013

Pengetan Sewu Dinten Sedanipun Ki Kesdik Kasdolamono

Diposting oleh Risa Puspitarini Sabandi di 12.48
Klaten, www.jogjatv.tv - Dinten Jemuah kalawingi(7/1), jangkep 1.000 dinten sedanipun dhalang suwargi Ki Kesdik Kasdolamono, satunggaling sesepuh dhalang ing wewengkon Surakarta. Mapan ing griyanipun, Padhukuhan Soran, Desa Duwet, Kecamatan Ngawen, Klathen, kangge mengeti 1.000 dinten sedanipun suwargi, dipun adani pagelaran ringgit purwa sedalu natas, kanthi dhalang Ki Manteb Sudarsonolan pengrawitipun para dhalang ing wewengkon Surakarta. Kathah seniman lan seniwati ingkang ngestreni pengetan kasebat, kadosta Ki Anom Suroto, Ki Sayoko, sarta pelawak Kirun saking Jawa Timur. Ki Kesdik Kasdolamono, nalika sugengipun kiprah ing jagading seni, mliginipun seni pedhalangan. Ki Kesdik ugi dipun lenggahaken minangka sesepuh para dhalang ing wewengkon Surakarta ingkang taksih nggegegi garap klasik, ingkang patut dados tepa tuladha menggahipun para generasi penerus samangke. Ki Kesdik ugi kathah nampi maneka tandha pangalembana, inggih saking salebeting negari punapadene saking mancanagari. Ing antawisipun pangalembana bab seni pedhalangan saking Jepang. Kejawi kiprah ing jagading pedhalangan, Ki Kesdik ugi nate nyabet juwara 1 Generasi Topeng Klono Sakaresidenan Surakarta. Ki Kesdik ugi minangka dosen luar biasa ing STSI Surakarta sarta minangka pujangga pedhalangan ing Taman Budaya Surakarta. Ing tlatah Klathen, Ki Kesdik kawentar minangka dhalang sepuh ingkang asring nglampahaken Baratayuda, ingkang gadhah ciri mirunggan. Kadosta keprakan, sabetan sarta kiprahan ingkang ngantos samangke kawentar sinebat kiprahan soran. Kiprahipun Ki Kesdik ing jagading pedhalangan dipun lajengaken dening para yoganipun, inggih punika Ki Kasim, Ki Kusni, Ki Gangsar sarta putra, Ki Darminto, ingkang sedayanipun ugi dhalang.

0 komentar:

Posting Komentar

 

The Dark Puspita Template by Ipietoon Blogger Template | Gadget Review